Cerkak
Aku, Bapak dan Rima
Sauwise aku ngajukake langkah
kang arep tak jupuk kanggo dina-dina sakteruse, ibuku mendhel mawon, lenggah
nang sudut umah natap njaba kang ora iso ditebak.
Bojo iku langkah sakteruse
ana ing uripku kang kudu dipikirke kanthi saktemenne. Iku pandhangone Bapakku,
banjur kang kasebut calon bojoku asal saka urip sing ora becik, iku sing dadi
masalahe gedhe. Iku kabeh sing marakake ibuku ngalamun lan ora mirengna.
Kahanan mau kudu siap tak tampi amarga iku resikone, sanadyan wong tuwaku ora
narima, la iku wis dadi keputusanku.
" Urip kuwi muter,
nang…." Kang wis dilakoni ora iso balik maneh, pacelathone bapak.
" Aku yakin, aku iso
mbimbing calon bojoku" (suarane saya lirih)
" Iku kabeh sikap sing
apik nanging kudu iso ngangkat uripmu, iso bebarengan, apa ya kuwi ra bakal
melu karo kahanan calon bojomu iku."
Pacelathon mau ora bakal
nggoyahake keputusanku kang wis tak putusake. Aku saya tabah narima apa kang
wis tak putusake mau, amarga keputusan mau wis tak anggap bener lan migunani.
(Kahanan panggon pelacuran)
"Kowe weruh wong tua mlebu ana ing
panggonan pelacuran "
"Ayo, Aku
tudhuhke." Aku dijak koncoku.
Iki pertama mlebu neng nggon
kaya ngene, sauwise neng jero Aku kaget amarga sing metu saka kamar kuwi
Bapakku dewe.
" Lah saka ngendi kowe
ki iso ngerti yen Bapakku sering ana ing kene?" Takone Aku.
"Aku seneng dolan neng
kene, Pas Aku weruh ya Aku bingung arep ngomong neng kowe iku kanggo
nyelamatake keluargamu." Jawabane kancaku.
Aku saya wedi weruh kahanan
iku, amarga Bapakku dewe ana ing
panggonan kaya ngono. Awale aku iso kenal calon bojoku. Aku dewe ora iso
apa-apa neng kono aku mlebu, crita lan bayar neng kono. Aku ra iso mungkir nek
Aku seneng karo wong wadon kuwi, wong wadon kuwi kudu dibimbing supaya dadi
wong wadon sing bener.
Jam telu Aku bali saka panggonan pelacuran iku, sauwise Aku teka umah Bapakku
ana ing umah. Aku ra iso ngomong apa-apa amarga Aku ora ngiro yen Bapakku iso
mlebu neng panggonan mau, Yen kuwi kotor kabeh wong sing mlebu neng kono, kuwi
dicap kotor. Ora ana wong percaya yen apa wong mlebu rana ora ngapa-ngapa, kaya
wong sauwismu takon diapakke wong wadon mau. Aku ya…mung iso meneng, anarga
tak omongke yen Aku mung omong-omongan mesti ora pada percaya karo Aku.
Wong wadon sing urip neng
nggon pelacuran iku amarga salah dalan. Pacelathonku karo Bapakku saya tambah
dadi. Calon bojhoku iku jenenge Rima, biyenne ya wong bener, amarga ora ngeti
kahanan kota kang wis modern apa-apa duwit, Rima saya tambah ora kuat yen urip
ora duwe pegawean. Mulane ana kang nawari pagawean langsung ditrima Rima ra
mikirke pagawean iku becik apa ora.
" Bapak matur, nek ngono
Aku pengin ketemu karo Rima?"
Sore iku jam papat Aku lan
Rima nemoni Bapak.
" Kowe wis tau bojo
?" Pacelathone Bapak marang Rima. (Aku lan Rima njegong neng jejer Bapak).
" Sampun Pak?"
Jawabe Rima
"Duwe anak?"
Pacelathone bapak.
" Gadhah setunggal
estri."
"Terus?" Bapak
neruske takon.
" Bojo kula sampun
pisah, kula urip piyambak kaleh anak kula."
" Kowe kerja neng endi
lan dadi apa?"
" Kula ! kula !"
Rima ora iso neruske omongane amarga trenyuh atine yen kelingan pagaweanne.
" Kowe ora perlu omong
Aku wis ngerti, amarga anakku wis ngandhani, kowe kuwi bocah bodo apa kuwe ora
mikir yen pegawan kuwi ra bener, Apa kowe ya ora mikirke anakmu, La saiki kowe
kepiye?"
Rima mung nundhuk " kula
kepeksa amarga kahanan kang kepepet, anak kulo kudu seklah nanging kulo boten
gadhah arto, urip wonten kota kudu kathah artone, kula nyesel amarga urip
wonten dalan kang boten becik." Nyesele Rima marang bapak karo mrembes
mili.
" Ya Ak ngerti, oh ya
Anakku apa kowe wis dipikir temenan yen arep bojo karo Rima?"
" nggeh Pak, tekad kula
badhe bojo kaleh rima sampun mantep."
Akhire
Bapak lan Ibuku setuju karo keputusannku bojo karo Rima, sanandyan asal usule calon bojoku wong ora genah.
Bapakku ya sadar karo ngakoni yen lakune Bapakku saprene iku salah. Saiki
uripku wis lewih ayem lan tentrem duwe bojo kang manut karo Aku.